BAB BASA JAWA "SESORAH"



SESORAH

A.   Pengerten
Sesorah utawa pidhato utawa tanggap wacana ya iku njlentrehaké idhe utawa pokok pikiran kanthi wujud tembung- tembung kang diucapaké marang wong akéh. Tujuan lan isi tanggap wacana utawa pidhato iku werna- werna, ana kang tujuane kanggo menéhi hiburan, menéhi informasi, utawa ajak- ajak marang kang rungokaké supaya nindaki apa kang dikarepaké pemicara.

B.   Jinising Sesorah
Ø  Miturut ancase : menehi informasi, menehi panglipur, lan kanggo pangajak-ajak.
Ø  Miturut kahanane : resmi, setengah resmi, lan ora resmi.
Ø  Miturut isine : intelektual lan moral.

C.   Cengkorongan
1.    Salam pambuka
2.    Purwaka
3.    Surasa (isi)
4.    Wigati / dudutan / ringkesan
5.    Pangarep-arep
6.    Wusana

D.   Bab-bab ingkang digatekake nalika sesorah
1.    Nyiapake underan / tema sesorah
2.    Nyiutake tema dadi irah-irahan (judul)
3.    Naliti kahanan pamiarsa
4.    Ndamel cengkorongan
5.    Nemtokake ancase sesorah
6.    Ngempalake bahan sesorah
7.    Ngembangake cengkorongan
8.    Gladhen sesorah

E.   Metode sesorah
ü  Apalan
Yaiku metode sesorah
kang dilakoke nganggo cara ngapalake teks pidhato.
ü  Naskah utawa teks
Yaiku teknik sesorah kang dilakokaken nganggo cara maca teks.
ü  Eksternporant
Yaiku anggone maca sesorah kanthi nganggo cathetan cilik kang isine inti saka sesorah kanga rep diaturaken marang para pamirsa.
ü  Impromptu
Yaiku teknik dadakan utawi during ngrancang cengkorongan sesorah sing arep diaturaken.

F.    Conto teks sesorah

Sesorah Dinten Kemerdekaan Indonesia

Assalamualaikum wr. wb.
            Bapak kepala sekolah ingkang kinurmatan bapak, ibu dwijo ingkang satuhu luhuring budi. Para kanca siswa siswi ingkang kula tresnani.
            Sumangga langkung rumiying sami ngaturakensyukur dhumateng gusti maha kuasa ingkang kepareg paring rahmat lan hidayahipun. Kita sedaya tasih saged kumpul manunggal kanthi tentrem, waras,kebak, ing kebagyan salebetipun pahargya pangetan.
17 agustus tahun 1945 indonesia merdeka. Bapak, ibuk, mbah, canggah kita merjuangken kemerdekaan tansah mati-matian. Nyawa dados taruhan wani mati kangge Indonesia.
Usaha kangge ngalahipun para penjajah, ingkang ,beto senjata-senjata modern,. Namun Indonesia mung mbeta bamboo runcing, lan aret, serta di iringi dungo marang Gusti Allah SWT.
Namun sakniki anak-anak tansah angel melu upacara peringatan kemerdekaan Indonesia. Alasanipun nggih panas,suwi, kesel lan thetek mbengek.  Nopo podo mboten ngilingi jaman semunu, panas, udan, di terak cuman kangge ngrebut merdeka sangkeng tangan penjajah. Kita selagi masyarakat khususipun bocah-bocah lan cah nom-nom kudu ngargani usaha para pahlawan sing ngelawan penjajah punika. Caranipun nderek upacara kemerdekaan Indonesia tansah kesadaran awake dewe – dewe.
Sumanten saha atur kula. Bilih wonten salah, kula nyuwung pangapunten.
Wassalamualaikum wr. wb.



Daftar Pustaka


Read Users' Comments (0)

0 Response to "BAB BASA JAWA "SESORAH""

Posting Komentar