PAWARTOS BASA JAWI



PAWARTOS

A.   Pengerten
Pawarta yaiku cathetan kadadeyan utawa prastawa kang diwedharake ing sajroning tulisan ing media cetak, utawa laporan ing media elektronik.

B.   Jinising pawarta
ü  Pawarta dadakan
yaiku pawarta kang wektu lan panggonan kadadeyane ora kena dipesthekake. Tuladha: kacilakan montor mabur, banjir, kebakaran, lan liya-liyane.
ü  Pawarta Ndinan
yaiku pawarta kang wektu lan panggonan kadadeyane wis dimangerteni sadurunge. Tuladha: pembukaan sekolah anyar, kunjungan presiden ing Batang, lan liya-liyane.
ü  Pawarta crita
yaiku pawarta kang ora dibatesi dening wektu lan panggonan, nggambarake objek kang nengsemake/human interest. Pawarta iki diwedharake mung kanggo hiburan utawa selingan. Tuladha: crita objek wisata, crita bab kesenengan/hobby, lan liya-liyane.

C.   Kang kudu digatekake nalika menehi tanggapan pawarta
Ø  Tanggapan dijlentrehake kanthi panjlentreh kang cekak, padet, lan uga digunggun kanthi sistematis.
Ø  Pasulayan kang bakal ditanggapi kudu cetha.
Ø  Tembung sing digunakake kudu gampang dimangerteni dening liyane.
Ø  Tanggapan kudu kinantenan alasan logis, diwenehi fakta lan bukti-bukti sing relevan

D.   Bobot timbang surasane pawarta
·         Jeneng, pawarta kang digiyarake nyebut jenenge wong kang penting utawa kawentar, tuladhane tokoh politik, artis, lan tokoh agama.
·         Anyar, pawarta kang prastawane sing lagi wae dumadi, isih dadi undering rerasan ana ing masarakat.
·         Penting, pawarta sing digiyarake ngenani kahanan kang langka kedadeyan, kedadeyan gedhe, ana sambung rapete karo bebrayan akeh.
·         Caket, kedadeyan kang digunakake dadi pawarta yaiku kedadeyan sing cedhak karo kahanan masarakat.
·         Unik, prastawa kang digiyarake gawe gumun masarakat sing mirsani.

E.   Ciri-ciri pawarta
Ø  Minggunaake basa kang gampangdimangerti
Ø  Kudu ngemat 6 perangan (5W+1H)
Ø  Ora majokake salah sijine pawongan utawa golongan
Ø  Anyar / actual

F.    Perangane pawarta
1.    Irah-irahan Pawarta utawa Judul Berita
2.    Pambuka
3.    Surasa utawi isi
4.    Panutup
 
G.   Kaidah pawarta (5W+1H)
1.    What : apa kedadeyane
2.    When : wektu kedadeyane
3.    Where : panggon kedadeyan
4.    Why : genea bias kedadeyan
5.    Who : sapa sing ana ing sajroning kedadeyan
6.    How : kepriye kedadeyane

H.   Conto teks pawarta

JEKSA NJALUK MUNDHAK GAJI

Jakarta, PS. Jaksa Agung Hendarman Supandji nalika rapat dengar pendapat karo Komisi III DPR, Senen (9/11) mratelakake, kanggo nyegah praktek dol tinuku perkara antarane jeksa karo pihak sing kesangkut kasus hukum, anggarane kejaksaan kudu diundhakake. Awit kanggo nindakake reformasi ing lembaga kejaksaan, Hendarman mbutuhake anggaran Rp 10 triliun. Manut Hendarman, taun iki anggaran kejaksaan kepetung sethithik, yaiku Rp 1,9 triliun. Winatese anggaran mau ngambet marang winatese karaharjaning jeksa. Temahane saperangan jeksa padha nindakake praktek kang asor kanthi dol tinuku perkara.
Ketua Komisi III DPR Benny K. Harman ngandharake, DPR wis nyarujuki usule pamarentah yen taun ngarep anggaran kejaksaan mundhak dadi Rp 2,5 triliun. Benny ora nampik yen kanggo njejegage hokum dibutuhake undhak-undhakan anggaran. Mung wae undhak-undhakan mau kudu dicundhukake klawan kahanan dhuwite Negara. Sok mengkonoa, kandhane Benny, gaji cumpen ora kena kanggo alas an tumrap jeksa kanggo nindakake dol tinuku perkara. Benny ngajap mundhake anggaran mau diimbangi karo undhak-undhakane kinerja kejaksaan. (Rep)



Daftar Pustaka

buku lks basa jawa kelas XI semester 2
 



Read Users' Comments (0)

0 Response to "PAWARTOS BASA JAWI"

Posting Komentar